Dhaptar kode pos ing Perancis

Prangko Perancis

Kode pos wiwit dipuntepangaken ing Prancis wonten ing taun 1964, nalika La Poste mingunakaken penyortiran otomatis. Kode pos (Basa Perancis: code postal) nyakup gangsal digit, 2 digit kapisanan minangka nomer département ing Perancis Metropolitan ing pundi kantor pos ingkang tanggelg jawab saking pangiriman nuju kutha ingkang pinuju. Sistem punika ugi dipun-ginakaken wonten ing Éropah, ing Departemen Sebrang Laut lan Teritori, nanging tiga digit kapisanan minangka tandha département utawi teritori mau. Digit 00 dipun-ginakaken kanggé alamat Militer. Digit 20 dipun-ginakaken ing sadaya Corsica; Corsica katetepaken minangka satunggal département kanthi nomer 20, anangin dinten punika kapérang dados kalih département kanthi nomer 2A lan 2B.

Tigang digit candhakipun minangka tandha kantor pos lokal ingkang tangge jawab saking pangiriman surat. Sawijining kodhe pos régulér pesthi kapungkasan 0, kanthi pangecualian ing Paris, Lyon lan Marseille lan Département Sebrang Laut lan Teritori. Kode pos ingkang boten dipunpungkasaken 0 ateges sawijining kodhe mirunggan, dipunkenal minangka CEDEX, utawi kodhe pos énggal.

Wonten ing Paris, 2 digit pungkasan kodhe pos dados tandha arrondissement. Sasampuning taun 1972, sawijining alamat ing arrondissement angka 8 Paris, saged dipunserat minangka:

8 rue Chambiges 
Paris 8e

Nomor punika kalebetaken ing kodhe pos minangka:

8 rue Chambiges 
75008 Paris

Sawijining pangecualian tumrap aturan punika inggih arrondissement XVIe, ingkang gadhah 2 kodhe pos, 75016 (kidul) lan 75116 (lèr).

Wonten ing njawi Paris, kutha Lyon lan Marseille ugi kapérang dados arrondissement, ing pundi minangka péranganing kodhe pos:

11 rue Duhamel 
69002 Lyon
2 avenue du Maréchal Foch 
13004 Marseille

Wonten ing saben département, préfecture (kutha utama) gadhah kodhe pos kanthi angka pungkasan 000, ctuladhanipun Bourges ing Cher:

15 avenue du Général Leclerc 
18000 Bourges

Samsaya wigati sawijining kutha, samsaya simpel kodhe posipun. Sous-préfectures dipuntandhani kanthi kodhe pos XXX00. Punika minangka tuladha kodhe pos désa alit, Lépaud ing Creuse:

16 grande rue
23170 Lépaud

Lan kodhe pos Mortagne-au-Perche, sous-préfecture saking Département de l'Orne:

4 rue des Quinze Fusillés
61400 Mortagne-au-Perche

Boten jarang manawi désa ingkang sisihan gadhah kodhe pos ingkang sami, ing pundi kagayutaken kaliyan kantor pos ageng, tuladha: 64150 saged katujokaken dhateng Abidos, Bésingrand, Lagor, Lahourcade, Mourenx, Noguère, Os Marsillon, Pardies, Sauvelade lan Vielleségure.

Département Sebrang Laut lan Teritori migunakaken kodhe 3 digit ingkang dipunwiwiti kanthi: 971 (Guadeloupe), 972 (Martinique), 973 (Guyana Perancis), 974 (Réunion), 975 (Saint-Pierre dan Miquelon), 976 (Mayotte), 984 (Teritori Selatan Perancis), 986 (Wallis lan Futuna), 987 (Polinesia Perancis), 988 (Kaledonia Baru).[1] Kanthi punika, nol ingkang pungkasan dipunbisak dados format 5 digit. Punika minangka kodhe pos reguler ingkang boten dipunpungkasi kanthi 0 kejawi préfecture utawi sous-préfecture, tuladhanipun:

Maison du Port
97100 Basse-Terre
4 boulevard du Général de Gaulle
97320 Saint-Laurent du Maroni
193 RN2
97439 Sainte-Rose
  1. http://www.france-codepostal.fr/en/ Carilah sebuah kodepos Perancis

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search